SESORAH PENGETAN AMBAL WARSA SEKOLAH

PENGETAN AMBAL WARSA SEKOLAH
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Ingkang kula hurmati Kepala SMPN 2 GODEAN
Ingkang kula hurmati Guru-guru ugi staf  karyawan SMPN 2 GODEAN, lan
Rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kita ngunjukaken atur puji lan syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih, amargi sampun maringi rahmat dhateng kita sedaya sahengga ing wekdal menika kita taksih saged kempal manunggal ing enjing menika lan saged ndherek mangayubagya mengeti dinten Ambal Warsa kaping-46 SMPN 2 GODEAN.
Kula minangka sesulihipun badhe ngaturaken matur nuwun kangge sedaya rencang-rencang ingkang sampun rawuh lan kersa ndherek Pengetan Ambal Warsa kaping-46 SMPN 2 GODEAN.
 Dinten menika Pengetan kaping-46 SMPN 2 GODEAN, Mugi-mugi kaliyan nambahing yuswa, sekolah kita saged tambah Jaya lan Maju. Ingkang ndidik putra lan putri bangsa berbudi unggul lan luhur. Kula ugi saged ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun ndidik kula kaliyan sedaya rencang-rencang supados dados tiyang ingkang miguna kangge agama, nusa lan bangsa.
Rencang-rencang ingkang di mulyaken dening Allah SWT, awit sakniki kita kedhah sinau sregep kangge mbangun Negara kita menika. Negara ingkang maju, Negara kang nggadhahi pemuda-pemudi ingkang nggadhahi jiwa patriotisme lan semangat mbangun ningkataken Negara menika.
   Ing pungkasaning atur, bokbilih wonten klenta-klentuning atur kula, saha tindak tanduk kula ingkang kirang prana, saestu kula naming saged nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Warahmatulllahi Wabarakatuh

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

DESCRIPTIVE TEXT "MY FAMILY"

ARTIKEL MUSIK ZAMAN BAROK